Minggu, 09 Oktober 2016

Suluk



WASIAT KI RAJA

Denning : Imam MJ
 
Serngenge ngelamun ning saduwure gunung
Langit bari nembang kanggo bebungae
Kaing – kaingane lelembut wis gawe rebut
Dau fajar lima kang mulya urip wis ngoyok dosa

Cung, boca bagus kang dadi tetembange ati
Surga lan dunya bedae mung serupa
Gage lelaku, aja kanti melaku sak duwure ruku
Gage sesambat, aja kanti mati terus tobat

Nang boca ganteng kang dadi tetenger
Bunga lan nelangsa iku ora ana beda, mung rasa kang perkasa
Gagea pekaya kanggo urip ning alam dunya
Gagea ibadah kanggo besuk ning suwarga

Isun, Cuma pengen titip omong maring wong enom
Yi, menawih besuk sugih aja kanti lali
Nang, menawih besuk rosa aja kanti due rasa
Cung, menawih besuk ala, aja kantih jaluk donga

Priben bae benere sebab serngenge wis anget banyu matae
Priben bae sedepe sebab langit wis abot tumpakane
Lintang ngrucuk banyu matae
Lembayung wirang metue

Cirebon, 2010


Sembahyang

Nyukulaken niat ning jero ati
Nyebut asmane gusti bari isun mukti yen urip kari sukiki
Nanging dilalae nemoni dunya ning sejerone ati
Kang aran gusti embuh mendi

Gusti isun kamidadung
Isun lan sedakepe isun mendung
Kepentung – pentung

Sesembahne kirang
Niat melenceng kurang pancer
Sujude jungkir muter
Jampie rusak kerna blenger

Syahadate gremeng – gremeng
Takbire ora anteng – anteng
Sujude seneng
Salame bari mesem

Amin

Masjid Keramat Depok, Januari 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar