WASIAT KI RAJA
Denning : Imam MJ
Serngenge ngelamun
ning saduwure gunung
Langit bari
nembang kanggo bebungae
Kaing – kaingane
lelembut wis
gawe rebut
Dau fajar lima kang mulya urip wis ngoyok dosa
Cung, boca bagus
kang dadi tetembange ati
Surga lan dunya
bedae mung serupa
Gage lelaku, aja
kanti melaku sak duwure ruku
Gage sesambat, aja
kanti mati terus tobat
Nang boca ganteng
kang dadi tetenger
Bunga lan nelangsa
iku ora ana beda, mung rasa kang perkasa
Gagea pekaya
kanggo urip ning alam dunya
Gagea ibadah
kanggo besuk ning suwarga
Isun, Cuma pengen
titip omong maring wong enom
Yi, menawih besuk sugih aja kanti lali
Nang, menawih besuk rosa aja kanti due rasa
Cung, menawih besuk ala, aja kantih jaluk donga
Priben bae benere
sebab serngenge wis
anget banyu matae
Priben bae sedepe
sebab langit wis abot tumpakane
Lintang ngrucuk
banyu matae
Lembayung wirang
metue
Cirebon, 2010
Sembahyang
Nyukulaken niat ning jero ati
Nyebut asmane gusti bari isun mukti yen urip kari sukiki
Nanging dilalae nemoni dunya ning sejerone
ati
Kang aran gusti embuh mendi
Gusti isun kamidadung
Isun lan sedakepe isun mendung
Kepentung – pentung
Sesembahne kirang
Niat melenceng kurang pancer
Sujude jungkir muter
Jampie rusak kerna blenger
Syahadate gremeng – gremeng
Takbire ora anteng – anteng
Sujude seneng
Salame bari mesem
Amin
Masjid Keramat Depok, Januari 2012